Tembung Garba yaiku tembung loro utawo luwih sing digandheng / digabung dadi siji. Aglis age + gelis aneng ana +…
January 23, 2020
Tembung Dasanama Ing Boso Jowo
Tembung Dasanama Ing Boso Jowo :
Tembung dasanama | Tembung Jowo |
abang | Abrit, ambranang, dadu, jingga, merah, rekta |
anak | Atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weka, yoga |
angin | Banyu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung |
alas | Jenggala, wana, wanadri |
arep | Apti, arsa, ayun |
asu | Sona, srenggala |
ati | Driya, galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya |
awak | Angga, raga, tubuh |
bangke | Jisim, kunarpa, kuwanda, mayit, wangke, sawa |
bapak | Rama, sudarmana, sudarmi, yayah |
bledheg | Bajra, erawati, gelap, Guntur |
bodho | Blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pinging, punggung |
bumi | Bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratala, pratiwi |
buta | Asura, danuja, diyu, ditya, denawa, jaksa, kelana, raseksa, wil |
dalan | Dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, rattan, sopana |
desa | Dhekah, dhukuh, dhusun |
dewa | Apsara, bathara, dewata, hyang, jawata, sura, widadara |
dhewe | Pribadi, priyangga |
gajah | Asti, dipa, dipangga, dirada, esthi, liman |
gaman | Badhama, sanjata |
gawe | Kardi, karya, karti |
geni | Agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka |
getih | Ludira, rudhira |
gludhug | Grah, gurnita, Guntur, pater |
gunung | Aldaka, ancala, arga, ardi, giri, meru, parwata, prabata, wukir |
ibu | Biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi |
ijo | Royo-royo, wilis |
ireng | Langking, kresna |
iwak | Matswa, mina, ulam |
jaran | Aswa, kapal, kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik |
jeneng | Asma, jejuluk, pararab, rum-rum, sambat, wewangi |
kali | Bangawan, narmada |
kanca | Kanthi, rewang, rowang |
kaya | Kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindah, yayah |
kebo | Maesa, misa, mundhing |
keris | Curiga, ratangga, pedhati, wimana, yana |
kesengsem | Brangta, brangti, gandrung, kandhuhan, kasmaran, krungrungan, mangunkung, lengleng, wulangun |
kethek | Juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre |
kraton | Dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri |
kuning | Jenar, kapuranta, pita |
Lanang | Jaler, jalu, kakung, priya |
langit | Akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat |
lara | Agring, gerah, gering, roga |
lintang | Kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang |
macan | Mong, sardula |
mangan | Boga, bukti, dhahar, madhang, nadhah, nedha |
manuk | Kaga, kukila, paksi |
mata | Aksi, eksi, mripat, netra, soca |
mati | Antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralena, seda, tinggal donya |
misuwur | Kajanapriya, kajuwara, kalok, kaloka, kasub, kawarti, kasusra kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap |
omah | Graham, panti, wisma, yasa |
panah | Astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra |
pandhita | Ajar, dwija, dwijawara, maharsi, mahyeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara |
pedhang | Candrasa, sabet |
perang | Bandayuda, jurit laga, pupuh, rana, yuda |
paprangan | Pabaratan, palagan, payudan, rananggana |
pinter | Guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura, wignya |
putih | Dwala, pingul, seta |
rambutan | Keswa, rema, weni |
ratu | Aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa, narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sri, sribupati |
rembulan | Badra, basanta, candra, lek, sasadhara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan |
rusak | Brastha, punah, rabasa, remak, rug, rurah, swuh |
sagara | Ernawa, jalanidhi, jladri, laut, samodra, tasik |
sedhih | Duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turida, wigena |
senapati | Bretyapati, hulubalang, narawara, senapatya |
seneng | Girang, harsana, harsaya, sukengkapti, trustha |
serik | Eru, rengu, runtik |
sirah | Kepala, kumba, murda, mustaka, ulu, utamangga |
slamet | Basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana |
srengenge | Arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, ratitya, radite, rawi, surya, we |
turu | Guling, nendra, sare |
udan | Jawah, riris, warsa |
ula | Sarpa, taksaka |
utusan | Caraka, cundaka, duta |
wadon | Dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putrid, retna, rini, wanita, wanudya |
weruh | Anon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin |
widadari | Apsari, bathari, dewi |
wong | Jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara |
Hits: 6725