Candrane Perangan Awak Ing Basa Jawa : 1. Alise nanggal sepisan 2. Astane nggendhewa gadhing 3. Athi-athine…
January 23, 2020
Tembung Camboran Ing Basa Jawa
Tembung Camboran Ing Basa Jawa :
Tembung camboran ono loro cacahe yaiku Camboran Wutuh lan Camboran Tugel ( Wancah)
-
Camboran Wutuh
a. | Bakul kacang,Pamong desa, jaga baya, Meja tulis, Lemari kaca, Buku gambar, Pager kayu, lsp |
b. | Anjani putra, Pancasila, Barata yuda, Dwiwarna, Wijaya kusuma, Parameswari, Pancawala, lsp |
c. | Lanang wadon, Bapa biyung, Abot entheng, Gedhe cilik, Yayah wibi, Nom tuwa, Endhek dhuwur, lsp |
d. | Dewa-dewi, Putra-putri, Mahasiswa-mahasiswi, Bathara-bathari, Yaksa-yaksi, Widara-widari, lsp |
e. | Bibit kawit, Edi peni, Jalma manungsa, Jaran kepang, Ajur ajer, Cekak aos gagah prakosa |
-
Camboran Tugel ( Wancah )
Tembung camboran wancah | Tugelan siji | Tugelan loro |
Bangsuk | Abang | Pucuk |
Bangjo | Abang | Ijo |
Barbeh | bubar | Kabeh |
Barji | Bubar | Siji |
Dhegus | gedhe | Bagus |
Dhekmu | gedhe | Lemu |
Dhekwur | endhek | Dhuwur |
Dhelik | gedhe | Cilik |
Dhemes | gedhe | Lemes |
Dubang | idu | Abang |
Gaji wakma | Sega-siji | Iwake-lima |
Jiro | siji | Loro |
Jitus | siji | Satus |
Kakkong | tungkak | Bokong |
Kongel | bongkot | Pucuk |
Kwelem | kweni | Pelem |
Lunglit | Balung | Kulit |
Mahrep | mlumah | Mengkurep |
Nasgithel | panas | Legi-kentel |
Paklik | bapak | Cilik |
Perko | Emper | Toko |
Rengning | ireng | Kuning |
Saerah | sae | Murah |
Tahteng | mentah | Mateng |
Tekting | entek | Nglinting |
Tingwe | nglinting | Dhewe |
Thukmis | bathuk | Klimis |
Wandhak | dawa | Cendhak |
Hits: 1195