Sebutan profesi / penggaweyan dalam bahasa jawa

Ada banyak jenis atau macam istilah profesi atau penggawean dalam bahasa jawa, istilah tersebut perlu kita mengerti agar tidak salah dalam penafsiran arti, berikut ini adalah daftar profesi pekerjaan / penggawean dalam bahasa jawa :

    • Ajudan = Pengawal pejabat / presiden
    • Algojo = Tukang midana wong tumindhal ala
    • Apoteker = Ahli ngracik obat ing apotek
    • Arsitek = Ahli ngrancang bangunan / teknik sipil
    • Bajak = Rampok/begal/durjana ing segara
    • Bakul = Gaweyane dodolan barang sarana cilik-cilikan
    • Batur = Gaweyane ngrewangia pakaryan
    • Begal = Rampok/begal/durjana ing tengah dalan
    • Blandhong = Tukang nebang kayu
    • Blantik = Bakul rajakaya/kewan
    • Buruh = Nyambut gawe golek upah
    • Cantrik = Abdi ngiras muride pandhita
    • Carik = Wakil lurah/juru tulis ing kalurahan
    • Dhalang = Tukang nglakokne/nyritakne wayang
    • Dhokter = Gaweyane nambani wong loro
    • Emban = Tukang momong ning kraton
    • Empu = Tukang gawe gaman (keris, tombak, slp)
    • Gamel = Tukang ngopeni kawan
    • Gandhek = Tukang nglantarake dhawuh ratu/utusane ratu
    • Gemblak = Tukang gawr barang saka kuningan
    • Gerji = Gaweane jahit klambi
    • Germa = Tukang mbeburu/mbebedhak kewan ning alas
    • Guru = Gaweyane mulang muruk marang muride
    • Jagal = Gaweane mbeleh rajakaya
    • Jlagara = Tukang gawe barang/natah watu
    • Juragan = Saudagar, sing nguwasani pakryan
    • Juru basa = Ahli medharake basa liya/manca
    • Juru dang = Tukang adang
    • Juru kunci = Tukang njaga/ngrawat pasarean
    • Juru nujum = Tukang ngramal
    • Juru mudhi = Tukang nglakokake kapal
    • Juru tambang = Tukang nglakokme prau (cilik)
    • Juru silem = Tukang silem ing segara
    • Juru sungging = Tukang nggambar/nglukis
    • Juru terbang = Tukang nglakokne motor mabur
    • Juru tulis = Tukang nulis/tukang ketik ing kantor
    • Kemasan = Tukang gawe barang saka emas utawa inten.
    • Koki = Tukang masak/olah-olah ing restoran
    • Kondhektur = Tukang narik/mriksa karcis bis utawa sepur
    • Kundhi = Tukang gawe barang saka emas utawa inten
    • Kusir = Tukang nglakokake dhokar/kreta
    • Kyai = Ahli babagan agama Islam; sebutane pusaka
    • Madhaharan = Tukang olah-olah
    • Makelar = Tukang nglantarake dol tinuku
    • Malang = Wong sing dadi polisi desa
    • Mandhor = Wong sing dadi pangarepane kuli
    • Masinis = Tukang nglakokne sepur
    • Merbot = Wong sing dadi punggawane masjid
    • Molang = Penggaweyane bakul rajakaya
    • Montir = Tukang ndandani mobil
    • Mranggi = Tukang gawe wrangka gaman
    • Niyaga/wiyaga = Tukang nabuh gamelan
    • Pakathik = Tukang nuntun jaran
    • Palarang-larang = Para nyai cilik (isih enom)
    • Palayangan = Tukang ngeterke layang (surat)
    • Pandhe = Tukang gawe barang soko wesi
    • Panegar = Tukang nunggang/ngajari jaran
    • Panjak = Tukang ngladeni pandhe; niyaga
    • Pangobeng = Wong sing buruh mbatik (ngobeng)
    • Para = Bakul mas inten
    • Parekan = Para nyai ing kraton (sing ketengen)
    • Pasindhen = Wong kang nembang bareng gamelan (nyindheni)
    • Pawongan = Wong sing dadi batur (wadon)
    • Pecalang = Prajurit sing ngulatake lakune mungsuh
    • Prajurit = Panggaweyane bela negara
    • Prugari = Pegaweyane ngladeni ing motor mabur, sepur
    • Pramuwisma = Tukang ngrewangi penggaweyane ngarang
    • Pujangga = Ahli sastra, penggaweyane ngarang
    • Sarawadi = Tukang adol utawa nggosok inten barleyan
    • Sayang = Tukang gawr barang saka tembaga
    • Sekater = Juru taksir rega ing gedheyan
    • Sinoman = Nom-noman sing gaweyane laden
    • Srati = Gaweyane ngrumat/ngopeni gajah
    • Saudagar = Wong dagang (gedhe)
    • Sopir = Tukang nglakokake montor
    • Tandhak = Gaweyane njoget (ditanggap)
    • Tuwa buru = Wong sing dadi abdine germa
    • Undhagi = Tukang gawe berkakas saka kayu
    • Waranggana = Tukang nyinden ing pagelaran wayang kulit.
Hits: 1328