Berikut ini adalah daftar nama anak hewan dalam bahasa jawa / arane anak kewan : anak ampal jenenge embung anak…
January 23, 2020
Sebutan Bocah Ing Boso Jowo
Sebutan Bocah Ing Boso Jowo :
1 | Ontang-anting | Anak siji lanang |
2 | Uger-uger lawang | Anak loro lanang kabeh |
3 | Cukit dulit | Anak telu lanang kabeh |
4 | saramba | Anak papat lanang kabeh |
5 | pandhawa | Anak lima lanang kabeh |
6 | Unting-unting | Anak siji wadon |
7 | Kembang sepasang | Anak loro wadon kabeh |
8 | Gotong mayit | Anak telu wadon kabeh |
9 | sarimpi | Anak papat wadon kabeh |
10 | pancagati | Anak lima wadon kabeh |
11 | Kedhana-kedhini | Anak loro lanang wadon |
12 | Sendhang kaapit pancuran | Anak telu, lanang-wadon-lanang. |
13 | Pancuran kaapit sendhang | Anak telu, wadon-lanang-wadon |
14 | Keblat papat | Anak papat lanang wadon |
15 | sapasar | Anak lima lanang wadon |
16 | Ipil-ipil (pipilan) | Anak lima, lanang siji |
17 | padangan | Anak lima, wadon siji |
18 | Pandhawa nyandhangi | Anak nem, wadon siji waruju |
19 | kembar | Anak loro lanang kabeh utowo wadon kabeh laire bareng |
20 | dhampit | Anak loro lanang lan wadon laire bareng |
21 | Gilir kacang | Anak akeh, giliran lanang wadon |
22 | Lumpat kidang | Anak akeh, ora giliran lanang wadon |
23 | garendhel | Anak lanang pirang-pirang kang waruju/ragil wadon (utowo kosok baline) |
24 | gendhong | Anak lanang pirang-pirang, kang tengah wadon |
25 | pathok | Anak wadon pirang-pirang, kang tengah lanang |
26 | sumarak | Anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh |
27 | anggana | Anak akeh, sing urip keri siji. |
28 | cemani | Bocah ireng mulus |
29 | Wungle, bule | Bocah putih mulus |
30 | Gondhang kasih | Anak loro seje pakulitane, siji putih siji ireng |
31 | Julung kembang | Bocah lair bareng plethek ing srengenge |
32 | Julung sungsang | Bocah lair wektu bedhug awan. |
33 | Julung sarab | Bocah laire ngarepake surup srengenge |
34 | Jurung caplok | Bocah laire barengi surupe srengenge |
35 | margana | Bocah lair pinuju ibune ing lelungan |
36 | Wuyungan | Bocah lair pinuju ana perang (gegeran) |
37 | wahana | Bocah lair pinujo ibune ana ing pasamuwan |
38 | jempina | Bocah lair durung wektune (umpamane 7 sasi) |
39 | yatim | Bocah sing lair ora menangi bapake |
40 | lola | Bocah sing wis ora duwe bapa biyung |
41 | Lola bapak (biyung) | Bocah sing ora duwe bapak (biyung) marga mati |
42 | sumala | Bocah cacad awit lair |
43 | Thok-thing | Bocah laire sirahe cilik |
44 | Pambaren | Anak sing nome rsiji |
45 | Panggulu | Anak sing nomer loro |
46 | Pandhadha | Anak sing nomer telu |
47 | Sumendhi | Kakang wuragil utowo kakangane anak ragil |
48 | Wuragil, waruju | Anak sing keri dhewe |
Hits: 866