Tembang Macapat Asmaradana Dhandang Gula Durmo Gambuh Kinanthi Maskumambang Megatruh Mijil Pangkur Pucung Sinom Tembang Tengah Balabak Girsa Juru Demung…
January 23, 2020
Jenenge Panggonan / Tempat Ing Boso Jowo
Jenenge Panggonan / Tempat Ing Boso Jowo :
Alun-alun | Palemahan jembar ing satengahing kutha. |
babadan | Palemahan sing wis dibabadi. |
Bale mangu | Papan kanggo ngadili wong nyalahi ukum. |
bango | Papan kanggo dodolan. |
bangsal | Omah gedhe kanggo pasamuwan. |
beteng | Tembok gedhe ing sakubenge kraton lan sapinunggale utowo loji (kompeni) sing diubengi tembok gedhe. |
bong | Kuburan Cino |
bothekan | Kothak mawa slorogan kanggo wadhah jamu utowo bumbu sapanunggale. |
cakruk | Omah pajagan ing pinggir dalan |
clunthang | Wadhah jangkrik. |
endhong | Wadha panah (didokok ing geger) |
epok | Wadhah kinang (kalebu upacara) |
esong | Growongan ing pinggir kali; omah landak. |
gayor | Canthelan gong. |
Gedhongan | Kandhang jaran. |
gerdhu | Omah pajagan |
glodhog | Kothak kanggo ngingu tawon. |
greja | Omah kagem sembahyang wong Kristen. |
gowok | Growongan ing kayu lan sapanunggalane (susuhe manuk) |
grobog | Kothak gedhe kanggo sesimpen; lemari panganan. |
gubug | Omah cilik ing sawah (tegal) kanggo tanduran. |
gudhang | Omah gedhe kanggo nandho barang-barang; kamar kanggo nyimpen barang-barang. |
Gupit mandagragini | Gedhong kanggo turu. |
hotel | Omah gedhe kanggo panginepan |
iyan | Wadhah ngeler sega. |
jodhang | Wadhah pesagi kanggo nggawa panganan lan sapanunggalane mawa pikulan |
jun | Wadhah banyu (kanggo ngangsu). |
kabupaten | Daleme bupati |
Kadhaton, kraton | Daleme ratu |
kandhang | Omahe kewan ingon (kebo, sapi, wedhus, lan sapanunggale) |
Kanthongan | Sak ing klambi; wadhah barang cilik-cilik. |
Kantor bank | Kantor ngurusi dhuwit |
Kantor pos | Kantor ngurusi surat-surat lan sapanunggalane. |
klentheng | Omah kanggo sembahyang wong Cino. |
kombong | Kandhang pitik, bebek, lan sapanunggalane. |
krangkeng | Kandhang kewan galak dipageri wesi. |
kranjang | Wadhah kang digawe pring nam-naman |
kuncung | Omah cilik sangarepe pandhapa. |
kurungan | Piranti kanggo ngurung manuk, pitik, lan sapanunggale. |
langgar | Omah cilik kanggo sembahyang utawa mulang ngaji. |
leng | Bolongan ing lemah dadi omahe gangsir, semut lan sapanunggalane. |
loji | Omah gedhong sing apik. |
lumbung | Omah kanggo simpen pari |
mesjid | Omah kanggo sembahyang wong Islam. |
Pacrabakan | Papan kanggo sang wuku; pamulangan. |
padaringan | Wadhah simpen beras |
padasan | Gethong mawa pancuran kanggo wudu. |
padhepokan | Papan patapan; omah pandhita. |
paestren | Sawah ing tepining kali. |
paga | Papan kanggo simpen bekakas pawon. |
pagagan | Palemahan sing ditanduri pari gaga. |
pagajih | Palemahan waled (neb-neban lendhut) saka kali. |
pagupon | Omah dara. |
paidon | Wadhah idu. |
pakebonan | Palemahan jembar ditanduri wit-witan |
pakunjaran | Omah gedhe kanggo ngunjara wong. |
pelabuhan | Papan kanggo labuh (leren) kapal utowo prau. |
palataran | Palemahan sangarepe omah. |
pamulangan | Papan kanggo memulangan (sekolahan). |
Panepen | Papan kanggo nenepi (semedi, topo, sak panunggalane) |
pandhapa | Omah ing ngarep kanggo nemoni tamu |
pantisari | Omah cilik satengahing patamanan |
Papon | Wadhah enjet (apu) |
pasanggrahan | Papan panginepan ing sajabaning kutho |
pasantren | Omah kanggo sinau (maguru) para santri |
pasar | Papan kanggo dol tinuku barang. |
pasetran | Papan pambuwangan bangke |
pasisir | Palemahan pinggir segara. |
patamanan | Palemahan sing ditanduri kekembang |
patapan | Papan kanggo wong topo; omah pandhita |
patarangan | Panggonan ngendhog pithik |
pawon | Papan (omah) kanggo olah-olah. |
payudan | Ara-ara kanggo perang. |
pinihan | Palemahan dienggi ndhedher winih ing sawah. |
plangkan | Jagragan sanggan tumbak, payungan lan sakpanunggale. |
plegukan | Papan dienggo sapi ngaso ing eyuban. |
ploncon | Gawangan kayu mawa bolongan kanggo ndokok teken, tumbak, sak panunggale. |
pluwang | Luwangan kanggo masangi kewan alasan. |
pomahan | Pekarangan sing diedegi omah. |
pondhok | Omah dienggo mondhok ngaji para santri. |
pragen | Wadhah bumbu sarta uyah. |
Pranji | Kandhang pitik |
ranggon | Gubug (kaya panggungan) kanggo paleren ing alas utowo jogo kewan. |
rong | Leng sing gedhe (omah, ulo, yuyu, iwak, lan sakpanunggale) |
Rumah sakit | Omah kanggo ngrumat wong lara. |
sanggar | Omah kanggo muja semedi |
segaran | Tetirone segara. |
sekolahan | Papan kanggo sinau lan memulang. |
selon | Bumbung wadhah bumbu (trasi, Lombok, lan sakpanunggale) |
senthong | Guthekan ing sajroning omah kanggo papan turu. |
stasiun | Papan endheg-endhegan sepur. |
setren | Sawah ing pinggiring kali. |
slepen | Wadhah rokok (sing digawe mendhong) |
sudhung | Gegrumbulan omah celeng. |
susuh | Omah manuk (tikus, bajing lan sakpanunggale) |
tabong | Luwengan kanggo ngobong gendheng. |
tala | Omah tawon |
talun | Pagagan ing pagunungan |
tambak | Blumbang ing pasisir dienggo ngingu bandeng |
tangsi | Omahe (pamondhokane) saradhadhu. |
tegalan | Palemahan sing ditanduri palawija |
tulang | Kothakan cilik kanggo adu jangkrik |
Warung | Papan kanggo dodolan (panganan, lan sak panunggale) |
wrangka | Kayu urunge keris, tumbak sak panunggale. |
Hits: 1682