Arane Pentil Woh Ing Boso Jowo : 1 Pentil asem Arane Cempaluk 2 Pentil jagung Arane Jantenan 3 Pentil Jambe…
January 23, 2020
Arane Watak Ing Boso Jowo
Arane Watak Ing Boso Jowo :
1 | Adigang | ngandel-endelake kakuwatanne |
2 | Adigung | ngandelendelake kaluhurane |
3 | Adiguna | ngendel-endelake kapinterane |
4 | Ambekdarma | seneng tetulung, welasan |
5 | Ambekpati | ora wedi pati |
6 | Ambeksiya | seneng nganiaya |
7 | Ambeksura | kendel banget |
8 | Ambekwani | kendel banget |
9 | Alim | pinter tur anteng |
10 | Anteng | meneng ora akeh gunem |
11 | Andhap asor | ora gumedhe, ora umuk |
12 | Bandel | ora cingeng, ora gembeng |
13 | Beres | ora duwe niyat ala utawa goroh |
14 | Bencirih | gampang kena ing lelara |
15 | Berbudi | seneng weweh, loma |
16 | Blater | pinter sesrawungan |
17 | Mblubud | nekat ora duwe isin |
18 | Brangasan | gampang nepsu |
19 | Mbrekunung | nggugu karepe dhewe |
20 | Cendhala | ala kelakuanne |
21 | Centhil | emoh weweh/ medhit |
22 | Climut | dhemen nyenyolong |
23 | Clingus | isinan, ora kendel sesrawungan |
24 | Cluthak | seneng mangan apa-apa |
25 | Cubluk | bodho |
26 | Cugetan | mutungan, ora sabar |
27 | Culika | dhemen ngapusi |
28 | Ndableg | ora ngrewes ing pitutur |
29 | Dahwen | seneng nacad |
30 | Daksiya | seneng mara tangan |
31 | Delap | seneng nganiaya |
32 | Ndhendheng | Angel dituturi |
33 | Drengki | meri marang kabegjane liyan |
34 | Ndhugal | kurang ajar |
35 | Gathekan | Gampang ngerti, lantip |
36 | Gembeng | Gampang nangisan |
37 | Geleman | Manutan, gampang gelem |
38 | Gemi | Pinter ngirit, nganggone |
39 | Getapan | Gampang kagel |
40 | nggragas | Seneng memangan sing kurang patut |
41 | Jail | Seneng gawe piala / usil |
42 | Jirih | Ora kendel / weden |
43 | Julig | Pinter nindakake bab ala |
44 | Kemproh | Ora resikan |
45 | kendel | Duwe kewanen |
46 | Kesed | Ora oyan gawe |
47 | Kethul | Ora gampang ngerti |
48 | Loma | Seneng weweh |
49 | Lonjo | Guneme sak wiyah-wiyah |
50 | Lugu | Kaya apa anane |
51 | Melikan | Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni |
52 | Mentahn | Ora duwe rasa welas |
53 | Meren | Gampang meri |
54 | Mopo | Ora gelem nglakoni |
55 | Murka | Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe |
56 | Muthakil | Sugih akal kanggounthunge dhewe |
57 | Ngebreh | Mbuwang dhuwit, boros |
58 | Panasten | Seneng manasi liyane marga meri |
59 | Parawadulan | Seneng wadul |
60 | Prasaja | Beres |
61 | Sabar | Ora gampang nesu, sareh anggone |
62 | Saen | Ora isinan |
63 | Satiti | Sarwa ngati-ati |
64 | Slingkuh | Ora beres |
65 | Srakah | Kumudu-kudu oleh akeh dhewe |
66 | Srei | Kumudu-kudu njaluk menang |
67 | Sumanak | Rumaket ing pamitran |
68 | Semelangan | Gampang sumelang |
69 | Sumungah | Seneng umuk |
70 | Taberi | Sregep serta tlaten |
71 | Takad | Kuwat nahan lara |
72 | Tambeng | Manut karepe dhewe |
73 | Tegelan | Ora duwe rasa rikuh, mentalan |
74 | Temen | Or dhemen goroh |
75 | Tumbak | Seneng wadul cucukan |
76 | Ugal-ugalan | Kurangajar |
77 | Ugungan | Dituruti sapanjalukane |
78 | Umpakan | Seneng dialem |
79 | Wangkal | Ora nurutan |
80 | Wasis | pinter |
81 | Wekel | sregep serta tumemen |
Hits: 1594