Arane Pentil Woh Ing Boso Jowo : 1 Pentil asem Arane Cempaluk 2 Pentil jagung Arane Jantenan 3 Pentil Jambe…
January 23, 2020
Arane Pala Ing Boso Jowo
Arane Pala Ing Boso Jowo :
Pala Gumantung
Yoiku : Woh-wohan sing gumandhul ana wit lan umure nganti puluhan taun. Contone : Pelem, nangka, duren,dhondong lan sapanunggalane.
Pala Kependhem
Yoiku : Woh-wohan kang wohe kependhem ing bumi. Contone : uwi, gadhung, tales.
Pala kirna / pala kitri
Yoiku : Woh-wohan kang gumatung ing wit umure cendhak/ora suwe, ing pekarangan. Contone : Gedhang,lombok, tomat, terong.
Palawija
Yoiku : Tanduran ana sawah liyane pari, nandure ora dielebi banyu, kang diceblokake/diwur-wurakebisa uga ing tegalan. Contone : Jagung, kedhele, kacang brol, kacang ijo, wijen, telo.
Pala kesimpar
Woh-wohan kang wite mrambat ana lemah lan lumrahe wohe gumlethak ing lemah. Contone : Semangka, timun, waluh, krai, melon.
Hits: 969